Tuesday, January 6

Pratitising wahyu

Wus ndungkap telung mangsa anggone Sayogya nyambut gawe ing panggaweyane saiki. Kabeh sarwa ora kepenak, gaweane adoh seko omahe, kurang luwih 1 jam numpak motor, saben dina dilajo. Jer niyate mono kepingin golek kontrakan utawa indekost, ananging Sayogya ora tegel ninggal ibune dewean.

tekane dina iki, isih akeh wae tetembungan sing sejatine milara atine Sayogya seko ibune, yo sing disambat ora gelem sumarah, ora gelem sareh, ora gelem pasrah mring sing agawe urip. Ibune ora iso ndeleng kanthi premati, kanggo sopo Sayogya nglajo, diewangi udan-udan neng ndalan numpak motor, Kanggo sopo Sayogya peplayon nalika di kabari ana lelayu tanggane, kabeh kanggo sawijing label "anak kang bekti"

Sayogya mung iso pasrah, ora iso wangsulan apa-apa. Kadang wong tuwa sing di pirsani mung sing katon ing mripat, ora gelem menggalih luwih jero, ora iso ngeguhke pikir, apa sih dadi pekarepane wong nom. Pratitising wahyu sabar muga kasarira.



Monday, January 5

Sayah

"ah, wus sore meneh" unjale Sayogya sinambi mbenerake anggone lungguh. Udan kang mipril seka esuk durung sida tingkas. Wus ndungkap 5 dina iki, deresing udan tan kendhat ngampiri jendela kamare Sayogya. Tintriming mangsa, atis kang nuncep ing balung, nggrantes, gawe tetambahing rasa miris ing pikirane Sayogya. Dene kaya mengkene rasane dadi pawongan kang di cap ora becik, kaya dene pesakitan sing dipasung dening omongane liyan.

Kasunyatan urip kadang angel ditampa, pratitise para winasis, becik ketitik ala ketara, sapa nandur bakale panen, mung gampang kepocap. Tanduran becik kang tansah di uri-uri kanthi leganing manah, pamrihe sepi. Bebasan sikil dadi gulu, gulu dadi tangan lan sak panunggale, pupus amarga jejering bibit, bobot, bebet. Drajat, pangkat, lan kamulyan. Pituduh kang nyeri ing ulu ati, sinigeg ing patraping keprabon.

"Yo Sayogya kuwi sing dolanan pelet." Tansah keprungu mbengung ing kupinge Sayogya. "Apa wus semono kuwi drajatku?" "Wus ora ana ajine meneh awakku iki." Apa merga aku iki wong sekeng, kang ora tau ngerti penaking ngaurip?Apa merga aku wong sudra kang ora nate nyucup Omben-ombene pra-waisya?Aku sawijining bandit kang kudu dipenggak saka pasrawungan, najis, dadaku di kilani, diukur anggonku isa golek panguripan. Apa kuat tanganmu nyangga uriping sakloron? Sepira ambane jalamu kanggo njejaring mina kabingahan?

Kudu tekan kapan kahanan kaya mangkene iki?


(P. Budiningtyas)